A. Wenehana Tandha Ping ( X ) Sangarepe Abjad Sing Bener!
1.
Anekdot
iku mujudake sawijine .............
a. Cerita cekak lucu utawa menarik
b. Cerita cekak kang isine etos kerja
c. Cerita cekak kang isi kerapian
d. Cerita cekak lucu, ning medeni
e. Cerita cekak lucu, agawe guyu
2.
Anekdot
iku digawe kanthi tujuan kanggo ..................
a. Gegojegan
b. Bedhekan
c. Nyindir/ngritik
d. Lelucon
e. Cekakan
3.
Cangkriman
iku digawe kanthi tujuan kanggo .....................
a. Gegojegan
b. Bedhekan
c. Nyindir/ngritik
d. Lelucon
e. Cekakan
4.
Teks
anekdot iku nggambarake ..........................
a. Kedadean utawa pawongan kanthi sengaja
b. Kedadean utawa pawongan ora sengaja
c. Kedadean utawa pawongan sing satemene
d. Kedadean utawa pawongan ora satemene
e. Kedadean utawa pawongan samar-samar
5.
Tuladha
anekdot lisan ............................
a. guru = digugu lan ditiru
b. wamil = wajib militer
c. ling cik tu = maling mancik watu
d. kurap = kurang rapi
e. dhegus = gedhe bagus
6.
Tuladha
tembung camboran tugel ...........................
a. Gelas = yen tugel ora kena dilas
b. Kopnas kopen = kopi panas kokopen
c. Wabup = wakil bupati
d. Kutil = kurang teliti sekali
e. Bangcuk = abang pucuk
7.
Tembung
liya saka camboran tugel ........................
a. Camboran wancahan
b. Camboran akronim
c. Camboran anekdot
d. Camboran cekakan
e. Camboran kerata basa
8.
Tuladha
tembung kerata basa ..................................
a. Tandur = anggone nata karo mundur
b. Pinru = pimpinan regu
c. Dhekmu = endhel lemu
d. Kudis = kurang disiplin
e. Wiwawite = uwi dawa uwite
9.
Tuladha
tembung akronim ...............................
a. Garwa = sigarane nyawa
b. Walas = wali kelas
c. Karwacake = cikar dawa tracake
d. Kurap = kurang rapi
e. Pakpuh = bapak sepuh
10.
Perangan
kawitan pada/paragraf kang duweni fungsi kanggo menehi gambaran cetha babagan
isi teks anekdot. Iki mujudake teks struktur anekdot perangan
......................
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Krisis
d. Reaksi
e. Re-orientasi
11.
Sing
mujudake panutup/perangan pungkasan saka teks anekdot yaiku ................
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Krisis
d. Reaksi
e. Re-orientasi
12.
Anane
prakara utama kang ing sajrone sawijine teks anekdot/muncule prakara (masalah).
Iki mujudake teks struktur anekdot perangan ...............
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Krisis
d. Reaksi
e. Re-orientasi
13.
Sing
mujudake cara anggone ngrampungake prakara kang thukul ing sajrone krisis. Iki
mujudake teks struktur anekdot perangan ...............
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Event
d. Reaksi
e. Re-orientasi
14.
Owah-owahan
kang dumadi marang paraga ing struktur teks anekdot ........................
b.
Orientasi
c.
Event
d.
Reaksi
e.
Koda
15.
Kang
nyritakake rerangkene kedadean utawa sawijine prastawa ing struktur teks
anekdot ..............................
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Event
d. Reaksi
e. Koda
16.
Kang
mujudake swasana ing wiwitan kedadeane cerita ing struktur teks anekdot
.........
a. Abstraksi
b. Orientasi
c. Event
d. Reaksi
e. Koda
17.
Dicakot
bongkote sing kalong pucuke (wangsulane : rokok). Iki mujudake cangkriman
.................
b.
Blenderan
c.
Wancahan
d.
Sinawung
tembang
e.
Liya-liya
18.
Surles
penen, ring tasen (wangsulane : kasur teles pepenen, garing entasen). Iki
mujudake cangkriman .................
a. Pepindhan
b. Blenderan
c. Wancahan
d. Sinawung tembang
e. Liya-liya
19.
Wujude
ukara kang memper karo kanyatane, iki arane cangkriman ....................
a. Pepindhan
b. Blenderan
c. Wancahan
d. Sinawung tembang
e. Liya-liya
20.
Desember
(gedhe-gedhene sumber), iki mujudake tuladhane ................................
a. Anekdot lisan
b. Cangkriman wancahan
c. Camboran tugel
d. Akronim
e. Kerata basa
21.
“Mas,
panjenengan mengko dhahar ing ngendi?” iki mujudake tuladha ..............
a. Wong tuwa marang wong enom kang duwe
kalunguhan dhuwur
b. Sapadha-padha umure utawa pagaweane, kang
padha dene ngajeni
c. Wong tuwo marang wong enom, kang wis suwe
ora tau ketemu
d. Wong wadon (bojo wadon) marang kakunge
(bojo lanange)
e. Priyayi marang priyayi kang wis kulina
banget
22.
“Yuk,
tulung setrikakna klambi seragamku, selak dakenggo saiki!” iki mujudake tuladha
..........................
a. Guneme Bapak/Ibu wong tuwo marang
bocah/anak
b.
Guneme
wong tuwa marang wong enom
c.
Guneme
juragan, anak-anak e marang bature/rewange
d.
Guneme
wong ngunandika
e.
Bocah
cilik sing durung bisa guneman cetha
23.
“piye
ta karepe, bola-bali kok mesthi aku sing diseneni!” iki mujudake tuladha
...........
a. Guneme Bapak/Ibu wong tuwo marang
bocah/anak
b. Guneme wong tuwa marang wong enom
c. Guneme juragan, anak-anak e marang
bature/rewange
d. Guneme wong ngunandika
e. Bocah cilik sing durung bisa guneman cetha
24.
“Wekdal
bapak .............., kula.......................”. Tembung kanggo njangkepi
supaya trep karo unggah-ungguhe ......................
a. Dhahar – siram
b. Dhahar – adus
c. Nedha – siram
d. Mangan – adus
e. Mangan – siram
25.
“Ibu
..................kula, kula lajeng.......................bapak”. Tembung
kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ......................
a. Nimbali – nimbali
b. Ngaturi – ngaturi
c. Ngundang – ngundang
d. Nimbali – ngaturi
e. Ngundang - nimbali
26.
“Yen
kowe mengko .....................dhuwit, dhuwite langsung
................simbah”. Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo
unggah-ungguhe ......................
a. Diwenehi – wenehna
b. Diparingi – paringna
c. Diwenehi – caosna
d. Diparingi – caosna
e. Diparingi - sukakna
27.
Bagas
lunyu ilate. Lunyu ilate klebu tuladhane ...................
a. Tembung entar
b. Tembung saroja
c. Tembung camboran
d. Tembung salin swara
e. Tembung yogyaswara
28.
Bagas
wis mblenjani janji. Mblenjani janji klebu tuladhane
.....................
a. Tembung entar
b. Tembung saroja
c. Tembung camboran
d. Tembung salin swara
e. Tembung yogyaswara
29.
Tembung
saroja yaiku ....................
a. Tembung kang padha panulisane dienggo
bebarengan
b. Tembung kang padha pangucapane dienggo
bebarengan
c. Tembung kang padha tegese dienggo
bebarengan
d. Tembung kang ora padha tegese dienggo
bebarengan
e. Tembung-tembung loro kang dienggo
bebarengan
30.
Tuladha
tembung saroja ..............
a. Dawa tangane
b. Budi pekerti
c. Rumah sakit
d. Bengak-bengok
e. Mahasiswa-mahasiswi
31.
Tembung
kang nduweni teges dudu salugune utawa dudu sebenere diarani
...................
a. Tembung lingga
b. Tembung camboran
c. Tembung yogyaswara
d. Tembung saroja
e. Tembung entar
32.
Tuladha
tembung entar ........................
a. Dawa tangane
b. Budi pekerti
c. Rumah sakit
d. Bengak-bengok
e. Mahasiswa-mahasiswi
33.
Rembuge
bocah kae................mula sing krungu banjur nesu.
a. Ngadhemake ati
b. Ngenaki ati
c. Ngabangake kuping
d. Medhot dalan
e. Ngenaki kuping
34.
Wong
sing gumedhe utawa sombong ingaran .................
a. Dhuwur atine
b. Dhuwur omah e
c. Gedhe atine
d. Dhuwur pangkate
e. Gedhe endhase
35.
Ayo
padha dhemen ............... liya tumuju kebecikan, nggo golek ridhane gusti!
a. Metani lupute
b. Mbukak atine
c. Nyumpet rejekine
d. Mateni pangane
e. Mbukak wadine
36.
Salah
siji titikane cerkak...........
a. Isine padhet
b. Alure luwih saka siji
c. Alure maju mundur
d. Basane ngambra-ambra
e. Critane ana bacute
37.
Pokok
masalahe crita utawa lelandhesan crita arane ..........
a. Amanat
b. Paraga
c. Penokohan
d. Tema
e. Alur
38.
Pepeling
kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangaripta arane..........
a. Amanat
b. Paraga
c. Penokohan
d. Tema
e. Alur
39.
Rantamane
crita sing sinambungan mangun crita arane ..................
a. Amanat
b. Paraga
c. Penokohan
d. Tema
e. Alur
40.
Cerkak
yaiku gancaran sing nggandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan
nganti pungkasan kanthi ...................
a. Cekak wae
b. Dawa banget
c. Ngayawara banget
d. Sakarepe ati
e. Sakepenake wae
B. Garapen Soal-Soal
Ing Ngisor Iki Manut Prentahe!
1.
Sebutna
maceme unggah-ungguh basa sing kok pahami!
2.
Sebutna
4 unsur intrinsik cerkak sing kok pahami!
3.
Jlentrehna
apa ta cangkriman iku?
4.
Sebutna
4 tuladhane kerata basa!
5.
Goleka
wangsulane cangkriman wancahan ing ngisor iki1
-
Burnas
kopen = .............................
-
Buta
buri = .....................................
KUNCI
JAWABAN
1. A
2. C
3. A
4. C
5. D
6. E
7. E
8. A
9. B
10. A
11. E
12. C
13. D
14. E
15. C
16. B
17. A
18. C
19. A
20. E
21. D
22. C
23. E
24. A
25. A
26. B
27. A
28. B
29. E
30. B
31. E
32. A
33. C
34. E
35. B
36. A
37. D
38. A
39. E
40. A
Wangsulan :
1.
Ngoko
lugu, Ngoko alus, krama lugu, lan krama alus
2.
Tema,
amanat, paraga, latar, alur, sudut pandang, gaya bahasa
3.
Cangkriman
yaiku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang, diwangsuli, utawa digolek i
wangsulane.
4.
Kuping
(Kaku Njepiping), Garwa (Sigarane Nyawa), Guru (Digugu lan ditiru), Kursi
(Ukurane wong siji)
5.
Burnas
kopen = Bubur Panas Kokopen
Buta buri = Tebu ditata
mlebu lori
Tidak ada komentar:
Posting Komentar