A. Pilihen salah siji jawaban sing bener!
1. Jinise puisi Jawa modern (gagrag anyar)
sing panulisane ora kaiket anane paugeran-paugerane kaya ing tembang diarani
………..
a. Parikan
b. Geguritan
c. Paribasan
d. Wangsalan
e. Cangkriman
2. Sing diarani struktur teks geguritan yaiku
…………
a. Pesen moral kang kinandhut ing sajroning
geguritan
b. Unsur – unsur kang kudu ana ing sajroning
teks geguritan
c. Tembung-tembung sing kudu digunakake
jroning geguritan
d. Tatacarane negesi isine geguritan kanthi
wutuh lan bener
e. Unsur-unsur kang bisa nyengkuyung tumrap
isine geguritan
3. Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisike
geguritan yaiku …………..
a. Tema
b. Sikepe panggurit
c. Pesen lan amanat
d. Gegambarane pancadriya
e. Penganggone wirama
4. Ing ngisor iki sing kalebu struktur batine
geguritan yaiku …………
a. Pamilihing tembung
b. Penganggone baya Bahasa
c. Perasaane panggurit
d. Penganggonane wirama
e. Tatacarane nulis geguritan
5. Kanggo ngerteni maksud lan isi sawijine
geguritan bab-bab sing kudu dilakoni yaiku ………
a. Maca geguritan sing saakeh-akehe
b. Negesi tembung-tembung kang utama
c. Nulis geguritan ing kertas liya
d. Olehe maca geguritan kudu sing banter
e. Blajar gawe geguritan sing sedherhana wae
6. Pitutur utawa piwulang apa wae sing
kepingin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane diarani
……………..
a. Tema (underan)
b. Lelewane basa
c. Pesen lan amanat
d. Perasaane panggurit
e. Gegambarane pancadriya
7. Upacara adat tingkeban utawa mitoni iku
dianakake kanthi tujuwan kanggo ………………….
a. Ngirim arwahe para leluhur
b. Njaluk supaya diparingi udan
c. Ngurmati arwahe para leluhur
d. Keslametane calon jabang bayi
e. Ritual khusus tumraping wanita
8. Jinise upacara adat ing ngisor iki sing
ana gegayutane karo manungsa (wong) yaiku ……………
a. Tedhak siten
b. Sedhekah bumi
c. Ruwatan
d. Suran
e. Nyadran
9. Jinise upacara adat ing ngisor iki ana
gegayutane karo alam yaiku ………………..
a. Brokohan
b. Sepasaran
c. Telonan
d. Nyadran
e. Tolak balak
10. Jinise upacara adat ing ngisor iki sing
ana gegayutane karo kapercayan yaiku …………
a. Ruwatan
b. Tingkeban
c. Selapanan
d. Tolak balak
e. Sedhekah bumi
11. Jinise upacara adat sing tujuwane kanggo
ngaturake rasa syukur sarta nyuwun pandonga slamet marang sakabehing warga desa
diarani …………
a. Sedhekah bumi
b. Tedhak siten
c. Ruwatan
d. Nyadran
e. Selapanan
12. Jinise upacara adat jawa kanggo
mangayubagya kelairane si Jabang bayi diarani ………….
a. Tingkeban
b. Brokohan
c. Selapanan
d. Tedhak siten
e. Sepasaran
13. Sawijine upacara sing dianakake tumrap
bocah/wong sing dianggep sukerta (upamane: bocah ontang-anting, bocah sendhang kaapit
pancuran, bocah kendhana-kendhini, lan sapanunggalane) yaiku ………
a. Ruwatan
b. Nyadran
c. Suran
d. Brokohan
e. Tolak balak
14. Jroning tata urutan temu manten adat Jawa,
nalikane manten lanang ngidak endhog pitik nganti pecah diarani upacara……………
a. Papag toya
b. Balang gantal
c. Wiji dadi
d. Bobot timbang
e. Tanem jero
15. Jroning tata urutan temu manten adat Jawa,
sing diarani upacara kacar-kucur yaiku………..
a. Manten lanang nyuntak beras kuning lan
sapanunggalane ing pangkone manten putri
b. Manten kekarone lungguh ing pangkone
ingkang rama kanthi ditimbang bobote
c. Manten kekarone dituntun rama lan ibu
menyang kwadhe sarana kaya digendhong
d. Manten kekarone padha salaman kang
ditempukake dening sang pujangga jemuk
e. Rama lan ibu saka manten kekarone padha
lungguh ing kursi sakiwa tengene penganten
16. Jroning tata urutan lumakune upacara
mitoni utawa tingkeban, ana sawijine kagiyatan siraman utawa adus mujudake
symbol upacara kang tujuwane kanggo……………….
a. Aweh tuntunan kabecikan marang tangga
teparone
b. Panyuwunan muga-muga bayi sing lair bisa
lancer
c. Ndedungo muga-muga bayi sing lair duwe
sipat becik
d. Nggangsarake bayi sing lair ora ana
alangan apa-apa
e. Ngresiki jiwa ragane sarta ngilangi
sakabehing sukerta
17. Sing diarani pranatacara yaiku………..
a. Wong sing nlagi nindahake mbabar sawijine
perkara
b. Wong sing tugase ngatur lumakune sawijine
adicara
c. Reroncening adicara ing sawijining adicara
tartamtu
d. Rantaman adicara sing kudu ditindakake ing
pahrgyan
e. Wong sing jejibahane tukang nganakake
pawiwahan
18. Jroning madeg dadi pranatacara becike basa
sing digunakake yaiku basa……………..
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Dhialek
19. Jroning nindakake pranatacara perangan
kapisan kanggo miwiti sawijine adicara diarani………….
a. Pambuka
b. Pakurmatan
c. Wasana basa
d. Rantaman baku
e. panutup
20. Sing kudu diandharake dening pranatacara
jroning pambuka yaiku……………
a. Atur panuwun marang kawigatene
b. Nyuwun ngapura yen ana kaluputan
c. Bakune adicara sing bakal ditindakake
d. Atur pakurmatan marang sing rawuh
e. Gawe dudutan bab sing diandharake
21. Ing ngisor iki kang minangka dadi struktur
teks pranatacara yaiku…….
a. Pambuka, isi, lan pangarep-arep
b. Tema, pambuka, isi, panutup
c. Pakurmatan, pambuka, panutup
d. Pambuka, rantaman baku, lan panutup
e. Pambuka, isi/karep, lan panutup
22. Ing ngisor iki kang minangka dadi
structure teks tanggap awacana yaiku…………..
a. Pakuramatan, pambuka, panutup
b. Pambuka, isi, lan pangarep-arep
c. Tema, pambuka, isi, panutup
d. Pambuka, isi/karep, lan panutup
e. Pambuka, rantaman baku, panutup
23. Ing ngisor iki mujudake tujuwane wong
medhar sabda, kejaba……..
a. Aweh pisungsum marang sing ngrungokake
b. Aweh ular-ular marang wong sing
ngrungokake
c. Aweh panglipur marang sapa wae sing
ngrungokake
d. Aweh daya pangaribawa marang sing
ngrungokake
e. Aweh pangerten/kawruhmarang sing
ngrungokake
24. Penganggone basa ing ngisor iki sing
paling trep yaiku………………
a. Ingkang panjenengan aturaken kalawau kula
dereng mangertos
b. Panjenengan kalawau sejatosipun rak sampun
kula dhawuhi ta?
c. Bilih anggen kula matur wonten kalepatan,
kula nyuwun duka
d. Nyuwun pangapunten anggen kula rawuh
kalawau radi kasep!
e. Kula wau nembe dhahar lan ngunjuk wonten
dalemipun eyang
25. Yen kepengin dadi pranatacara apadene
pamedharsabda sing becik saora-orane kudu ngerti anane………….
a. Olah rasa, olah swara, lan olah sastra
b. Olah swara, olah busana, lan olah sastra
c. Olah raga, olah wirama, lan olah rasa
d. Olah swara, olah kridha, lan olah busana
e. Olah basa, olah kridha, lan olah swara
26. Jroning nindakake pranatacara apadene
medhar sabda bab-bab sing kudu ditindakake yaiku………………..
a. Becike ulate mbesengut wae
b. Swarane sing paling becik banter
c. Obahe awak kudu digawe-gawe
d. Bisa njumbuhake kahanan/swasana
e. Ora perlu nggatekake lagune swara
27. Rerangkening crita/konflikpara
paraga(tokoh)saka wiwitan nganti pungkasan jroning pagelaran drama diarani………..
a. Tema
b. Amanat
c. Dhialog
d. Alur
e. Seting
28. Wewatakane paraga jroning drama bisa di
deleng saka…………..
a. Setinge
b. Pirembugane
c. Sutradharane
d. Slure
e. Naskahe
29. Ciri khase teks drama yaiku dumunung
ing…………..
a. setinge
b. pirembugan
c. temane
d. amanate
e. paragane
30. Gegambarane panggonan dumadine crita,
wektu, dumadine crita, lan swasana utawa kahanan jroning crita drama diarani ……………………..
a. Alur
b. Seting
c. Wewatake
d. Amanate
e. Pirembugane
31. Bakune gagasan jroning crita drama
diarani………………..
a. Tema
b. Alur
c. Seting
d. Dhialog
e. Amanat
32. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara
andharan yaiku……………
a. Tulung, aku jupukna banyu sagelas wae!
b. Muga-muga adhik mengko gelem mulih!
c. Bukune Anis mau koksimpen ing ngendi?
d. Geneya adhikmu mau kok ora sida ndherek?
e. Mas Bagus mau diutus bapak tuku sepatu
33. Saben malem minggu ing daleme Pak Lurah
dianakake gladhen nembang macapat. Ukara ing dhuwur kalebu jinise ukara………………..
a. Andharan
b. Prentah
c. Pitakon
d. Sambawa
e. Sananta
34. Ing kene saki lagi umum …………(lara) DB,
mulane para warga padha kerja bakti ……….(resik) lingkungan.
a. Lara-lara, resik-resik
b. Lelara, resak-resik
c. Lara-lara, reresik
d. Lelara, resik-resik
e. Lora-lara, resik-resik
35. Adhedhasar alluring crita drama, perangan
sing ngandharake wiwit anane pradondi (pertikaian) ing antarane para paraga
diarani tataran………….
a. Pengenalan
b. Cecongkrahan
c. Klimaks
d. Peleraian
e. Ngudhari masalah
36. Reriptan sastra kang panulise kaiket anane
paugeran tartamtu lan cara pamacane kanthi dilagokake diarani……………
a. Parikan
b. Tembang
c. Geguritan
d. Wangsalan
e. Paribasan
37. Tetembungan utawa unen-unen sing memper
cangkriman nanging batangane wis dikandhakake ing ukara candhake diarani………….
a. Parikan
b. Tembang
c. Geguritan
d. Wangsalan
e. Paribasan
38. Pambukane skar sarwa manis. Ukara ing
dhuwur mujudake tembung wangsalan kanggo nyasmitani tembang………………
a. Sinom
b. Pucung
c. Asmaradana
d. Maskumambang
e. Dhandhanggula
39. Gatekna wangsalan ing ngisor iki!
Gayung
sumur, kewan gung granane dawa. Aja kemba, mangesthi salering karya. Jroning
wangsalan ing nduwur tembung gayung sumur lan kewan gung granane dawa
tegese…………..
a. Amba ; kewan
b. Timba ; gajah
c. Amba ; gajah
d. Memba ; gusti
e. Amba (jembar) ; esthi (temen)
40. Kaendahan reriptan kang awujud geguritan
kuwi dumunung ing………………
a.
Pilihane
tembung sing angel dingerteni
b.
Nggunakake
basa-basa Jawa kuna
c.
Wewujudane
kudu manut paugeran
d.
Pilihane
tembung kudu mentes lan mantesi
e.
Tata
rakite ukara kudu nggunakake basa baku
B. Wangsulana kang patitis!
1. Sebutna apa wae kang kalebu strukutr
fisike geguritan!
2. Sebutna jinise upacara adat sing gegayutan
karo alam!
3. Sebutna struktur teks pranatacara!
4. Sebutna apa wae sing kalebu strukture teks
drama!
5. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo
aksara Jawa!
a. Jagung mung bobot 45 kintal.
b. Karna jagat trus manunggal.
KUNCI JAWABAN
1. B
2.
E
3.
E
4.
C
5.
A
6.
C
7.
D
8.
A
9.
E
10. A
11. A
12. B
13. A
14. C
15. A
16. E
17. B
18. D
19. A
20. A
21. D
22. D
23. A
24. A
25. B
26. D
27. D
28. B
29. D
30. B
31. A
32. E
33. A
34. D
35. B
36. C
37. D
38. E
39. B
40. D
Wangsulan
:
1. Pamilihing tembung, penganggone majas /
gaya Bahasa, penganggonane wirama lan purwakanthi.
2. Sedhekah bumi, tolak balak.
3. Pambuka, rantaman bakune adicara, panutup.
4. Plot/Alur, Pawatakane paraga (tokoh),
pacelathon/pirembugan(dhialog), seting/latar, underan/tema, pesen lan amanat.
5. A. ꧋ꦗꦒꦸꦁꦩꦸꦁꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀꧇꧔꧕꧇ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦭ꧀
A. ꧋ꦏꦂꦤꦗꦒꦠ꧀ꦠꦿꦸꦱ꧀ꦩꦤꦸꦁꦒꦭ꧀
Tidak ada komentar:
Posting Komentar