PANGKUR
Pancasila lima dhasar,
Karipta murih jejege nagari,
Ayem tentrem adil makmur ,
Nirbaya lan niskala,
Indonesia kuncara nagari gung,
Tata titi tur raharja, ayem tentrem
rukun yekti.
Wulan
Juni siji tanggal,
Pancasila
winursita amijil,
Karukti
para miluhur,
Sangalas
papat lima,
Panca
lima sila asas adi luhung,
Dhasar sedaya tumindak,
Pakarti mula sayekti.
Wenehana tandha silang (X) in jawaban kang
bener!
1.
Tembung : ayem-tentrem, iki
migunakake purwakanthi.....
a.
Guru swara d. Guru swara lan basa
b.
Guru sastra e. Guru swara lan sastra
c.
Guru basa
2.
Tembung : Tata titi tur, iku
migunakake purwakanthi........
a.
Guru swara d. Guru swara lan basa
b.
Guru sastra e. Guru swara lan sastra
c.
Guru basa
3.
Tembung : adi luhung, klebu ewone
tembung ........
a.
Entar d. Rangkep
b.
Garba e. Camboran
c.
Saroja
4.
Pancasila lair tanggal ..........
a.
1 Juni 1945 d. 7 Agustus 1945
b.
1 Juli 1945 e. 17 Agustus 1945
c.
1 Agustus 1945
5.
Tembang macapat cacahe ana
..............
a.
10 d. 8
b.
12 e. 5
c.
11
6.
Tembung-tembung sing mawa
seselan.........
a.
Adhem-ayem d. Tumindak-winursita
b.
Tentrem-makmur e. Winursita-miluhur
c.
Makmur-tumindhak
7.
Guru wilangane tembang
Pangkur............
a.
8,11,8,7,12,8,7 d. 7,11,8,7,12,8,8
b.
8,10,8,7,11,8,8 e. 7,11,8,7,12,8,7
c.
8,11,8,7,12,8,8
8.
Guru lagune tembang
Pangkur............
a.
A,i,u,a,u,a,u d. A,u,i,a,u,a,i
b.
A,i,u,a,i,u,i e. A,i,u,a,u,a,i
c.
A,i,u,a,i,a,i
9.
Tembung raharja nunggal teges karo
tembung ...........
a.
Anteng d. Makmur
b.
Tentrem e. Mapan
c.
Slamet
10.
Guru Gatra yaiku ...............................
a.
Cacahing gatra saben sapada
b.
Cacahing panda saben sagatra
c.
Cacahing wanda saben sagatra
d.
Cacahing wanda saben sapada
e.
Caching gatra saben sawanda
11.
Guru Wilangan yaiku .......................
a.
Cacahing gatra saben sapada
b.
Cacahing pada saben sagatra
c.
Cacahing wanda saben sagatra
d.
Cacahing wanda saben sapada
e.
Cacahing gatra saben sawanda
12.
Guru lagu yaiku tibaning swara ing
saben pungkasan............
a.
Wanda d. Pada
b.
Tembung e. Pupuh
c.
Gatra
13.
Tembang macapat duweni teges .................
a.
Maca cepet d. Tembang
b.
Maca papat e. Maca
papat papat
c.
Lagu
14.
Tembang kang nduweni filosofis
nggambarake manungsa kang isih enom kang tugase golek ngelmu kanggo sangu urip,
yaiku ..................
a.
Maskumambang d. Pocung
b.
Asmaradana e. Durma
c.
Sinom
15.
Nglambangake janin kang isih ana
ing sajrone wetenge ibu, iki filosofise tembang .........
a.
Maskumambang d.
Pocung
b.
Asmaradana e.
Durma
c.
Pangkur
16.
Pengarang nyritakake watak
tokoh/paraga crita sacara langsung. Iki mawa cara .............
a.
Simpatik d. Instrinsik
b.
Dramatik e. Ekstrinsik
c.
Analitik
17.
Babagan kang dirembug ing sawijine
crita sing arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita, iku aran
.................
b. Irah-irahan
e.
Latar/setting
c. Tema
18.
Cara khas sawijine pengarang
sajrone ndungkapake ide, utawa gagasane liwat crita. Mangkene iki aran........
a.
Amanat d.
Gaya basa
b.
Irah-irahan e.
Latar/setting
c.
Tema
19.
Gambaran ngenani waktu, panggonan,
lan swasana kang dumadi sajrone crita. Mangkane iki aran...........
a.
Amanat d.
Gaya basa
b.
Irah-irahan e.
Latar/setting
c.
Tema
20.
Wong ngunandika/nggrundhel iku
lumrahe migunakake basa........
b. Ngoko
alus e.
Ngoko lugu alus
c. Krama
lugu
21.
Guneme tenaga kasar marang juragane
iku lumrahe migunakake basa............
a. Ngoko lugu d.
Krama alus
b. Ngoko alus e.
Ngoko lugu alus
c. Krama lugu
22.
Bocah cilik sing durung bisa
guneman cetha iku lumrahe migunakake basa...........
a.
Ngoko lugu d.
Krama alus
b.
Ngoko alus e.
Ngoko lugu alus
c.
Krama lugu
23.
Nalika ibuku............ing ruwang
makan, adhiku melu.............pisan. Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara
iki..
a.
Dhahar - dhahar d.
Dhahar - mangan
b.
Nedha – nedha e. Nedha - mangan
c.
Dhahar - nedha
24.
Ibuku............aku, aku banjur
diutus...................bapakku. Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara
iki..
a.
Nimbali – ngaturi d. Ngaturi – ngaturi
b.
Ngaturi – nimbali e. Ngundang –
ngundang
c.
Nimbali – nimbali
25.
Wekdal ibu kula .......... jember,
adhi kula ................ugi. Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara iki..
a.
Tindak – tindak d. Tindak – tumut
b.
Tumut – tumut e. Kesah – tumut
c.
Tumut – tindak
26.
Wektu adhiku durung
.................saka sekolahan, ibu wis............ menyang omah. Tembung sing
trep kanggo njangkepi ukara iki..
a.
Kondur – kondur d. Mulih – kondur
b.
Wangsul – wangsul e. Kondur – mulih
c.
Wangsul – kondur
27.
Sing kalebu macem-maceme wayang
yaiku, kajaba ............
a.
Wayang Purwa d. Wayang Topeng
b.
Wayang Golek e. Wayang - wayangan
c.
Wayang Madya
28.
UNESCO mujudake lembaga kang
mandhegani kabudayan saka PBB, ngukuhake wayang kang kondhang saka Indonesia,
yaiku tanggal ...............
a.
7 November 2002 d. 8 Oktober 2022
b.
7 November 2023 e. 10 Juni 2001
c.
8 Oktober 2021
29.
Ing ngisor iki maceme unsur
instrinsik yaiku, kajaba ..............
a.
Tokoh d. Alur
b.
Latar e. Situasi Soisla, budaya, ekonomi.
c.
Gaya Basa
30.
Mujudake individu kang nduwe peran
sajrone crita, kang ngalami prastawa utawa duweni tumindak ing maneka prastawa
sajrone crita. Mangkane iki aran...........
a.
Tokoh / Paraga d. Plot
b.
Latar e. Amanat
c.
Gaya Basa
31.
Basa sing tembung-tembunge ing
sajrone ukara migunakake tembung krama kabeh, tanpa kacampuran krama inggil,
Mangkane iki aran...........
a.
Krama Lugu d. Ngoko Lugu
b.
Krama Inggil e. Ngoko
c.
Ngoko Alus
32.
Bapak nalika ngomong marang Ibuk
migunakake basa ..........
a.
Ngoko lugu – ngoko lugu d. Ngoko alus- ngoko alus
b.
Ngoko alus – Krama alus e. Krama lugu lan krama lugu
c.
Krama lugu lan krama alus
33.
Ibu nalika ngomong marang Bapak
migunake basa ...........
a.
Ngoko Lugu d.
Krama Alus
b.
Ngoko Alus e.
Ngoko Lugu Alus
c.
Krama Lugu
34.
“Ya wis tindaka kelurahan Pak, Wong
kangmas menko arep nyare kene.” Iki mujudake tuladhane
basa ...................
b.
Ngoko Alus e. Ngoko Lugu Alus
c.
Krama Lugu
35.
“Kanca kula nembe tumbas reginipun
tigang atus seket ewu rupiyah.”
Iki
mujudake tuladhane basa ...................
a.
Ngoko Lugu d. Krama Alus
b.
Ngoko Alus e. Ngoko Lugu Alus
c.
Krama Lugu
36.
Basa Rinengga, dumadi telung
warna,yaiku .......
a.
Paribasan, Bebasan, Saloka
b.
Bebasan, Saloka, Sandhangan
c.
Pedhotan, Pasangan, Paribasan
d.
Saloka, Sandhangan, Bebasan
e.
Paribasan, Pedhotan, Pasangan
37.
Basa rinengga yaiku....
a.
Basa sing dipaesi utawa basa kang
endah
b.
Basa Jawa kang alus banget
c.
Basa kang angel dingerteni
d.
Basa Jawa kulonan
e.
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
38.
Saka ukara ing ngisor iki kang
klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku......
a.
Ngrukti bumi nastiti murih lestari
b.
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya
mangun karsa
c.
Runtang-runtung rerentengan
d.
Kinasihan kadya mimi lan mintuna
e.
Rinengga ing busana kang edi endah
39.
Unen-unen kang ajeg panganggone
mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging dipindhakake wonge, yaiku
tegese ...............
a.
Saloka
b.
Rinengga
c.
Wangsalan
d.
Entar
e.
Saroja
40.
Gedhe endase tegese...
a.
Muring-muring
b.
Seneng njupuk barange liyan
c.
Dumeh/ sombong
d.
Seneng omong
e.
Seneng ngrumpi
Wangsulana Kang Patitis Pitakon-Pitakon Ing Ngisor Iki!
1.
Sebutna apa wae unsur instrinsik cerita cerkak!
2.
Sebutna papat macem unggah-ungguh basa ing masyarakat!
3.
Apa sing kok ngerteni crita cerkak kuwi!
4.
Sebutna 2 tuladhane
Basa Ngoko Lugu lan 2 Basa Krama Alus!
5.
Sebutna 3
jinis-jinise pagelaran seni tradhisional Jawa!
KUNCI
JAWABAN
1. A
2. B
3. C
4. A
5. C
6. D
7. C
8. E
9. D
10. A
11. C
12. C
13. E
14. C
15. A
16. D
17. C
18. D
19. E
20. A
21. D
22. A
23. D
24. C
25. D
26. D
27. E
28. B
29. E
30. A
31. B
32. C
33. D
34. C
35. B
36. A
37. A
38. A
39. A
40. C
ESSAY :
1. Tema, Alur,
Latar, Penokohan, Sudut Pandang, Amanat
2. Ngoko Alus,
Ngoko Lugu, Krama Alus, Krama Lugu
3. Critane
ringkes bae, ora dawa-dawa
4. Ngoko Lugu :
- Tantri budhal sekolah kanthi numpak sepedhah karo
kanca-kancane
- Yuni turu
ing kamare wiwit jam siji awan nganti jam telu sore isih durung tangi
Krama Alus :
- "Panjenengan
kalawau sampun dhahar?"
- "Simbah
tindak peken mbekta songsong (payung)."
5. Reog,
Ketoprak, Ludruk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar